My life as a Javanese

Romantisme Drama Wayang Wong

Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010

Nalika SMA, aku melu seni drama sing dadi salah siji mata pelajaran wajib seni.Kabeh murid bisa milih, ana seni tari, musik, utawa lukis. Aku melu drama, alasane ya seneng nulis, ben ora ngantuk, kaya olahraga kae.

Aku lan kancaku mesthi durung kulina, pas diparingi tugas saking Pak Anang gawe pentas drama tradisional. Bisa ketoprak,wayang wong,lan liyane.Kelompokku gawe pentas Rama Shinta, bab Shinta diculik Rahwana,Rama lan Hanoman perang lawan Rahwana, lan pungkasane Shinta bakar dheweke kanggo bukti tesih suci, durung disentuh Rahwana. Shinta banjurora bisa kebakar,nah, Rama mboyong maneh garwane mring istana,.. (Ihiy!Suit-suit :P )

Gendhing Saron

Aku bagian ning iring-iringan saron laras slendro. Aku tesih kelingan unine tembang bebuka. Sawise tabuhan gendang, jreng!Saron, demung, ditabuh: 1.2.35.3.2.1.2.33// (waca : ji,ro,lu ma,lu ro ji ro lulu) kaping loro. Lah, pokoke dawa lagune,amarga keseringan latian, aku tesih kelingan. Saron ora angel ditabuh, mung nggathekake irama bae.Nalika SD aku uga melu lomba gendhing karo kelompok perwakilan Cilacap Tengah, ya dadi nabuh saron pancen wis biyasa. Bocah cilik kabeh isa sinau gamelan cepet. Tembang Cangkriman pas SD, aku mung kelingan pertamane : Cangkriman iki nganggo tembang Pocung, sapa bisa ngerti batangane…et cetera! (duh, kelalen..). Nah, pengalaman kawit cilik mau, lumayan dadi bekal pas SMA…

Hem,mbalik topik, dalang ning kelompokku iku cah wedhok, merga cah lanang wis dadi Rama, Hanoman,Rahwana, lan sing nabuh kendang. Aku durung lali dalang nyariosake cerita bebuka :

Sasampunipun Prabu Rahwana saged amboyong Dewi Shinta dhateng Keraton Ngalengka, Rahwana teras ngaturaken tresnanipun kaliyan Dewi Shinta..”
Tembung iku diulang-ulang pas latihan,merga kudu pas intonasine.

Haha..latihan kanthi se-wulan,latihan dialog, ndalang,lan nabuh gendhing ana ing umahku. Pas pentas, gendhing sewaan mau diboyong karo becak menyang sekolah. Pas pentas, kabeh wis padha dandan ayu, ganteng,garapan salon, lan siap perang! Alhamdulilah, aku ya ora deg-degan,merga percaya menawi kanca-kancaku wis padha siap. Murid-murid rame pada nonton wayah sore iku.Kabeh lancar,lan padha keprok sawise pentas. Fiuuuh.. Opera van Java kalah telak!(haa!merga drama iki kabeh Jawa tenan)

Kelompokku pikantuk biji A ning mata pelajaran iki. NekĀ  pelajaran seni, adus getih yen arep entuk biji iki. Nanging sing luwih penting aku isa sinau akeh saking tugas kelas drama kuwi. Lan liyane, aku isa kerja kelompok karo bocah-bocah Cilacap… ndesoisme sing ora isa gawe lali…

Salam kangen (Tati “dalang”, Oky “shinta”, Egis “kenonx”, Nurma “Kempul&GonG”, Arif “Gendang”, Bayu Gebot “Rama”, Heru “Hanoman”, lan Aziz “Rahwana”)

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ndesoisme

ndesoisme adalah isme yang digunakan sebagai counter melawan individualisme dari dampak globalisasi. (Nuraini :2009) Maka, mari kita bangkitkan paham ndesoisme dengan gerakan ndesoisasi! :P

Lawang Ngarep

Sumonggo menawi badhe maos lan nyerat tanggapan, saged ngagem basa Jawa krama, Banyumasan, utawa Basa Indonesia.

Monggo, nek arep maca, nanggapi, bisa nganggo basa Jawa krama, ngapak Banyumasan (hidup ngapak!!!) karo Bahasa Indonesia! Yea.. ya ulih ditiliki?

Silahkan, apabila ingin membaca dan menulis tanggapan dapat menggunakan bahasa Jawa krama, Banyumasan, atau Bahasa Indonesia...

Papan Tulis

Ayuh di klik blogku liyane..

Cahayamatadanhati

Ana Blog Maning?

nurainidea

Puniki Album Kula

badhe dicicil lan dikumpulake

Sugeng Rawuh

Sanes Primbon

Januari 2010
S S R K J S M
    Mei »
 123
45678910
11121314151617
18192021222324
25262728293031
Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.