My life as a Javanese

Batik Ngajak Perang

Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010

Aku nderek seneng nalika Batik dados “Warisan  Kemanusiaan untuk Budaya Lisan dan Non Bendawi “ saking UNESCO dinten Jumat, 2 Oktober 2009. Tiyang kathah ngendhikan,  ugi nganaake seminar batik. Aku ya menyang seminar Rescuing Our Culture ning FIB Desember kala wingi. Nah,seminar kuwi ingkang damel crita iki (uga kepanggih The Inspiring Man :P )

Saiki lare nom-noman padha nganggo batik menyang kampus. Aku uga ningali tas laptop batik, sendal,bando,lan liyane. Nanging, aku uga  badhe nyinaoni  artine motif batik ingkang kathah kuwi, sawise melu seminar iku. Ustadz Google  ngajak aku mring situs javabatik.org.

Sasampunipun maos bab Etika batik, aku nembe mangertos wonten motif batik Larangan.Motif kuwi jenenge motif Parang, mung kangge  tiyang kraton. Malah, sampun dados keputusane rapat,  ning Pranatan Dalem Jenenge Panganggo Keprabon Ing Karaton Nagari Ngajogjakarta tahun 1927. Hehe, pokoke motif mau kangge kelas bangsawan lah.

 

 

Batik Larangan : Parang Rusak

Halah, aku dadi pengin guyu. Saiki, sampun jaman seni terobyektivikasi pasar, ya perkara ingkang subtansial kadosipun  boten perlu disinaoni maneh. Asal kabeh laku, ya tiyang miturut sade. Kaya motif larangan kuwi. Nah lo, siki akeh banget sing ujug-ujug dadi bangsawan. Eng-ing eng.. ya kados gambar puniki

 

Keturunan Keraton?

 

Ya, mbae bule mesem ngangge batik motif larangan mau. Ceila, mbae keturunan keraton…Ingkang ngertos saiki saged ngguyu, nanging , sampun di cek napa dereng motif batik kagungan  panjenengan?He!

Wonten satunggal  maneh ingkang kleru. Aku maos menawi Mari S Condronegoro, keturunan Sri Sultan Hamengku Buwono XII ngendhika,menawi ngagem batik kangge  lare wedok, putri, estri kudu sopan,ora mbentuk awak. Hayo… mbae? Kados pundi? Ngajak perang? Hehe..

Aku dados kengetan materi Cultural Studies-postmodernis. Simbol, basa, punika gadhah sipat   boten stabil (unstable meaning).Arti saiki boten paha-padha kados jaman biyen. Lah, kengetan malih  istilah la culturische nation,utawi  penjajahan kultural.Ya, taksih kathah ingkang dereng mangertos  filosofine motif batik iku,namung mangertos batik kuwi saking bangsa iki. Umpama sawisipin maos serat iki, sekurang-kurange  mengertos yen batik uga duwe arti larangan, yaiku motif Parang. Ya, sumonggo, badhe nggoleki fenomena “mendadak Bangsawan?”

3 Tanggapan to "Batik Ngajak Perang"

Alhamdulilah, wis dadi prokere CMDH Foundation, hehehe

Masya Allah..
Saya shock sekaligus bangga, masih ada website bahasa jawa yang bisa saya lihat setelah “Google Boso Jowo”.. :D

~ dan baru tahu juga, mbak asri punya 2 blog yang selain cahayamatadanhati dan semuanya apdet !
wah, sepertinya saya tidak sanggup membaca semua karya mbak asri..

Eh, menawa kersa, nanggapi ngagem basa jawa, pak bz, he! (kenapa serasa jadi asri yg lain yah?

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ndesoisme

ndesoisme adalah isme yang digunakan sebagai counter melawan individualisme dari dampak globalisasi. (Nuraini :2009) Maka, mari kita bangkitkan paham ndesoisme dengan gerakan ndesoisasi! :P

Lawang Ngarep

Sumonggo menawi badhe maos lan nyerat tanggapan, saged ngagem basa Jawa krama, Banyumasan, utawa Basa Indonesia.

Monggo, nek arep maca, nanggapi, bisa nganggo basa Jawa krama, ngapak Banyumasan (hidup ngapak!!!) karo Bahasa Indonesia! Yea.. ya ulih ditiliki?

Silahkan, apabila ingin membaca dan menulis tanggapan dapat menggunakan bahasa Jawa krama, Banyumasan, atau Bahasa Indonesia...

Papan Tulis

Ayuh di klik blogku liyane..

Cahayamatadanhati

Ana Blog Maning?

nurainidea

Puniki Album Kula

badhe dicicil lan dikumpulake

Sugeng Rawuh

Sanes Primbon

Januari 2010
S S R K J S M
    Mei »
 123
45678910
11121314151617
18192021222324
25262728293031
Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.