Posted by: ndesoisme on: Mei 24, 2011
Sakdhuwure netraku nyawang
Ukara pangripta dening carita segara
Kaliyan bayu goleki anggonmu
Nalika pitakon dening ardi
Swara tansah kang ninggali
Sawijining asma tembangku
Mahameru
Luruh cahyaning jaman
Kleru sukmaku, tumindak mlaku banyu
nanging serat uga miturut liyan
kang nemu gegayuhan
pramila digdaya kang luwih gumregah
banjur ragaku ora kena leren
nalika jangkahku
lumaku Mahameru
Sansaya raket pangucapmu
sajroning tyas, nguji larasku
pangrasan adiguna
kebak karepku umpama bagaskara
miturut nerangi
setapak dalane arga
kang bentang saka nagari
Asri Nur Aini
Posted by: ndesoisme on: Mei 24, 2011
sajroning larasku, karep gegayuhan
tansah rela sukma awakku
dikunjara dening baskara
nanging aku melu
mlaku banyu
kang tumurun saka ardi
sebrang aku nyawang
tumindak kiwa tengen
nengah aku mesthi kelingan
dening jangkahku
ketemu karep iki
menawa aku melu
banjur ngreksa rasane agni
caritamu kang digawa bayu
liyan papan nyawang bisu
saka tembang,pawarta ukara
ajeng tyas
serat pangripta
(Aini, Nur :2010)
Posted by: ndesoisme on: Mei 24, 2011
wengi kang goleki kaleresan
sajroning atiku, nyawang netramu
kang durung dumadi
ing dina iku,
sathitik pawarta,swara ing lathi
sanajan dalanku
miturut kahanane angin
nalika tirta lumaku nggoleki pangucapmu
ing wengi
cahyaning kartika
sawise anggonku nguji kaleresan
dening wektu tansah lumaku
ngrungoake tembang
nate iki aku kelingan
nyerat ukara kanggo sliramu
napaki lemah, nyawang segara
sakdhuwure ombak,mitutur awakku
kanthi digdaya katon cetha
ing sajroning
pangrasanmu
aku, 22.31
26/12/2010
Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010
Aku nderek seneng nalika Batik dados “Warisan Kemanusiaan untuk Budaya Lisan dan Non Bendawi “ saking UNESCO dinten Jumat, 2 Oktober 2009. Tiyang kathah ngendhikan, ugi nganaake seminar batik. Aku ya menyang seminar Rescuing Our Culture ning FIB Desember kala wingi. Nah,seminar kuwi ingkang damel crita iki (uga kepanggih The Inspiring Man
)
Saiki lare nom-noman padha nganggo batik menyang kampus. Aku uga ningali tas laptop batik, sendal,bando,lan liyane. Nanging, aku uga badhe nyinaoni artine motif batik ingkang kathah kuwi, sawise melu seminar iku. Ustadz Google ngajak aku mring situs javabatik.org.
Sasampunipun maos bab Etika batik, aku nembe mangertos wonten motif batik Larangan.Motif kuwi jenenge motif Parang, mung kangge tiyang kraton. Malah, sampun dados keputusane rapat, ning Pranatan Dalem Jenenge Panganggo Keprabon Ing Karaton Nagari Ngajogjakarta tahun 1927. Hehe, pokoke motif mau kangge kelas bangsawan lah.
Halah, aku dadi pengin guyu. Saiki, sampun jaman seni terobyektivikasi pasar, ya perkara ingkang subtansial kadosipun boten perlu disinaoni maneh. Asal kabeh laku, ya tiyang miturut sade. Kaya motif larangan kuwi. Nah lo, siki akeh banget sing ujug-ujug dadi bangsawan. Eng-ing eng.. ya kados gambar puniki
Ya, mbae bule mesem ngangge batik motif larangan mau. Ceila, mbae keturunan keraton…Ingkang ngertos saiki saged ngguyu, nanging , sampun di cek napa dereng motif batik kagungan panjenengan?He!
Wonten satunggal maneh ingkang kleru. Aku maos menawi Mari S Condronegoro, keturunan Sri Sultan Hamengku Buwono XII ngendhika,menawi ngagem batik kangge lare wedok, putri, estri kudu sopan,ora mbentuk awak. Hayo… mbae? Kados pundi? Ngajak perang? Hehe..
Aku dados kengetan materi Cultural Studies-postmodernis. Simbol, basa, punika gadhah sipat boten stabil (unstable meaning).Arti saiki boten paha-padha kados jaman biyen. Lah, kengetan malih istilah la culturische nation,utawi penjajahan kultural.Ya, taksih kathah ingkang dereng mangertos filosofine motif batik iku,namung mangertos batik kuwi saking bangsa iki. Umpama sawisipin maos serat iki, sekurang-kurange mengertos yen batik uga duwe arti larangan, yaiku motif Parang. Ya, sumonggo, badhe nggoleki fenomena “mendadak Bangsawan?”
Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010
Pelajaran basa jawa wis dadi wajib kanggo bocah SD ning Cilacap. Gawe ukara basa jawa sing bener, leres,ya angel. Umpama sanjang menawi ora biyasa latian dadi marailucu. Contone ukara Bapak turu, kula siram. Utawa ukara: Kula namung gadhah arta kalih dasa gangsal. Kewalik basane. Ingkang gawe murid padha stress ya wulangane. Mulane cilik-cilik akeh sing padha nyontho.
Aku ora biyasa nganggo basa Jawa ning umah,asring basa Indonesia menawi sanjang kalih bapak,ibu,lan embak. Nanging, yen ana tamu matur basa jawa, aku kudu ngerti lan bisa jawab.Luwih-luwih yen tamu kagok nggo basa Indonesia. Nah, pas kumpul kalih bocah-bocah beda kahanane. Aku malahan nganggo basa Banyumasan, lan luwih seneng yen cerita nggo basa iku,padha karo kanca-kancaku. Yen nggo basa Indonesia malah dadi ora lucu, Banyumasan utawa ngapak-aku ora ngerti-kok bisa gawe imajinasi werna-werna.
Kancaku pada seneng gawe celukan basa Banyumasan,sing mireng bisa bae ngguyu.Luwih lucu yen cerita siaran radio CURANMOR( Curahan Hati dan Humor) wayah bengi, sing ngisi Kakang Samidi ning Yes Radio. Oh My God!Sejagad Cilacap ngrungokake,saking bakul mie, wedang jae, gorengan, mendoan, hansip,merbot,maling ngincer,kanthi bocah-bocah nang SMA ku!Siaran iku genah akeh musik dangdut,nanging sing digoleki iku dialog humor basa ngapak Banyumas sing isa gawe guyu kepingkel nangis keselek jam 12 bengi!
Kancaku biyasane titip salam ning radio. Sesuk, pas sekolah, kabeh heboh lan ngulang crita siaran lan salam bocah-bocah. Crita kuwi awet lucune kanthi saiki. Nah,siaran iku wis disimpen format MP3, kabeh bisa duwe, lan wis kesebar kanthi Depok. Aku melu gawa rekaman iku ning asrama, wuiih…banjur ekspresine macem-macem, pada ngguyu merga ora ngerti,utawa ngguyu gara-gara mudeng critane.
Saiki kancaku ning kampus ora adoh beda kahanane. Akeh sing saking Kebumen, Tegal, Banjarnegara,pokoke wong Jawa sing tesih remen, seneng nggo basa Jawa. Nanging, kabeh miturut kondisi,ya ora penak bae dijejerake Lu-gue?
Act locally, think globally. Padha-padha sinau ning kampus iki, muga ora banjur lali kalih basa sing dadi basa ibu.Aku tesih kepengin ngrasaake wektu jaman SMA, lan gawe guyon imajinasi saking basa Jawa..
Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010
Nalika SMA, aku melu seni drama sing dadi salah siji mata pelajaran wajib seni.Kabeh murid bisa milih, ana seni tari, musik, utawa lukis. Aku melu drama, alasane ya seneng nulis, ben ora ngantuk, kaya olahraga kae.
Aku lan kancaku mesthi durung kulina, pas diparingi tugas saking Pak Anang gawe pentas drama tradisional. Bisa ketoprak,wayang wong,lan liyane.Kelompokku gawe pentas Rama Shinta, bab Shinta diculik Rahwana,Rama lan Hanoman perang lawan Rahwana, lan pungkasane Shinta bakar dheweke kanggo bukti tesih suci, durung disentuh Rahwana. Shinta banjurora bisa kebakar,nah, Rama mboyong maneh garwane mring istana,.. (Ihiy!Suit-suit
)
Aku bagian ning iring-iringan saron laras slendro. Aku tesih kelingan unine tembang bebuka. Sawise tabuhan gendang, jreng!Saron, demung, ditabuh: 1.2.35.3.2.1.2.33// (waca : ji,ro,lu ma,lu ro ji ro lulu) kaping loro. Lah, pokoke dawa lagune,amarga keseringan latian, aku tesih kelingan. Saron ora angel ditabuh, mung nggathekake irama bae.Nalika SD aku uga melu lomba gendhing karo kelompok perwakilan Cilacap Tengah, ya dadi nabuh saron pancen wis biyasa. Bocah cilik kabeh isa sinau gamelan cepet. Tembang Cangkriman pas SD, aku mung kelingan pertamane : Cangkriman iki nganggo tembang Pocung, sapa bisa ngerti batangane…et cetera! (duh, kelalen..). Nah, pengalaman kawit cilik mau, lumayan dadi bekal pas SMA…
Hem,mbalik topik, dalang ning kelompokku iku cah wedhok, merga cah lanang wis dadi Rama, Hanoman,Rahwana, lan sing nabuh kendang. Aku durung lali dalang nyariosake cerita bebuka :
“Sasampunipun Prabu Rahwana saged amboyong Dewi Shinta dhateng Keraton Ngalengka, Rahwana teras ngaturaken tresnanipun kaliyan Dewi Shinta..”
Tembung iku diulang-ulang pas latihan,merga kudu pas intonasine.
Haha..latihan kanthi se-wulan,latihan dialog, ndalang,lan nabuh gendhing ana ing umahku. Pas pentas, gendhing sewaan mau diboyong karo becak menyang sekolah. Pas pentas, kabeh wis padha dandan ayu, ganteng,garapan salon, lan siap perang! Alhamdulilah, aku ya ora deg-degan,merga percaya menawi kanca-kancaku wis padha siap. Murid-murid rame pada nonton wayah sore iku.Kabeh lancar,lan padha keprok sawise pentas. Fiuuuh.. Opera van Java kalah telak!(haa!merga drama iki kabeh Jawa tenan)
Kelompokku pikantuk biji A ning mata pelajaran iki. Nek pelajaran seni, adus getih yen arep entuk biji iki. Nanging sing luwih penting aku isa sinau akeh saking tugas kelas drama kuwi. Lan liyane, aku isa kerja kelompok karo bocah-bocah Cilacap… ndesoisme sing ora isa gawe lali…
Salam kangen (Tati “dalang”, Oky “shinta”, Egis “kenonx”, Nurma “Kempul&GonG”, Arif “Gendang”, Bayu Gebot “Rama”, Heru “Hanoman”, lan Aziz “Rahwana”)
Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010
Kula sinau geguritan nalika SMP kaliyan Bu Pamularsih, wali kelas SD kula. Ibu guru remen sanget nembang,ugi saged dadosaken putranipun angsal juara nembang lan geguritan.Geguritan yaiku puisi ngangge basa Jawa, lan gadhah aturan menawi badhe diwaos.
Dinten mengeti Kartini biyasane kathah acara lan lomba. Kula nyuwun sinau geguritan kagem acara punika kaliyan Bu Pam.Waduh… geguritan punika boten gampil, wonten “gaya” ingkang dados pembeda kaliyan puisi basa Indonesia.
Kula dangu boten maos geguritan. Kala wingi kula pikantuk geguritan apik, irah-irahan Karo Aku, saking Budhi Setyawan ingkang kapucak ing Kalawarti Panjebar Semangat, Surabaya, edisi 4
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
Palembang, 13 September 2006
Menawi boten saged mangertos, Sakban Rosidi damel Versi basa Inggris geguritan mau.
Dried Leaf*
Night becomes colder
when I conceal myself inside the gamelan sound
brought by the wind
as of never stopped
for me to search and spread hearsays
but still emptyI do want to be closer
the flaming fire of yours
brightening my tread and worldWhere are you
wandering in severe world
no announcement and voicelessI am a dried leaf
outsoaring disoriented
within the dark as pitch worldFelt harder
for me to live in these coming days
walk in unsteadyBent in complicated complexity
far from the shinning you
cloud covers my sights allyou
teacher, love, torch of mine
accompany my soul, understanding love at heart..From “Ron Garing”, a javanese poem by Budhi Setyawan, September 13, 2006
Ha, gampil pundi, versi Jawa utawa Inggris? Hehe…Nanging geguritan iki apik tenan…kula maos lan ngulang, dados kepengin sinau damel geguritan, saged setunggal kemawon sampun syukur.. ![]()
Amin, sumonggo cobi latian..
Posted by: ndesoisme on: Januari 20, 2010
Aku tesih kelingan, menawa bapak nembang Tak Lelo LedhunX yen aku nangis utawa arep tilem.”tak lelo,lelo ledhung, jumenenga anakku sing ayu (hueee…saiki wis dadi akhwat!:P). Kawit cilik aku uga dolanan karo bocah liyane, menyang kisik nalika sawise subuh. Teluk penyu ndek jaman iku tesih resik, ana kerang sing apik lan isa digawa bali nggo dolanan. Aku mlaku karo kanca lan mbakkurame-rame, numpak kapal mandeg, dolanan banyu,kerang, pasir, kanthi srengenge rada padang.Biayasane ora padha gawa duit, ya ora jajan menawa kapethuk bakul serabi,gembus,utawa dolanan bocah.
Yen dina minggu, aku rame-rame nonton tivi ning omaeh mbak Dwi, nonton Doraemon, Candy-Candy,Dragon Ball.Biyen sing duwe tivi kuwi setitik cacahe.Biyasane mung ngrungokake radio.Nah,aku dhewek ya luwih akeh dolanan ning jaba.Pekarangan ngarep umah jembar, ana uwit jambu sing gedhe, aku bisa nggawe menek, utawi gawe kemah ning ngisore.Dolanan nganti sore, jonjang umpet,petak suramanda,petak payung, jonjang patung, cublak-cublak suweng,dolanan bekel.Yen kali cilik sing nggo drainase akeh banyune,aku rame-rame nyeser urang kali. Kancaku sing beja enthuk sepat, bethik, iwak lombokan,utawa yuyu kali. Kabeh mung kanggo dolanan,menawa iwak gedhe ya isa dimasak (namung kantun siji-loro..:D)
Nalika sore arep maghrib, aku lan kancaku padha ngaji ning griyane Pak Rohman kanthi jam pitu. Wayah bengi ya dolanan maneh.Ya, sing akeh bocah lanang pada dolan (cah wedhok sinau?hee!). Menawa padhang wulan, waduh saduluran padha rame,budhal ning latar jaba mrisani wulan bunder ning awang-awang, bocah dolan jonjang umpet,padha mlayu,ngguyu kanthi kesel… Tembang kang dadi crita nggambarake kahananane yaiku Padang Wulan :
Yo pra kanca dolanan ing jaba, Padhang wulan padhange kaya rina…
Rembulane e sing awe awe, Ngelilangake aja padha turu
sore
Yo pra kanca dolanan ing jaba, Rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina, Yo padha dolanan sinambi
guyonan
Dene saiki wis beda. Bocah-bocah Cilacap wis seneng merga ana tontonan TV,wegah dolan ning jaba.Ya,uga amarga lapangane wis sempit dadi omah lan bale liyane. Tembang-tembang dolanan wis arang. Saiki wis jamane dolanan online sing wis dibuka ning akeh warnet-warnet, ngoleksi lagu-lagu gaweane MNC, chatting lan sms-an ning hp. Lah siji maneh, iki uga sing diarani la culturische nation.
Alhamdulilah, aku menangi jaman “jadul” dene ora duwe TV kanthi SD kelas lima lan hp kanthi kuliyah.Lah pas bapak kagungan hp ya ora canggih kaya hp-ne bocahan jaman saiki.Hm…iku critane cilikanku ning Cilacap. Banjur, Kados pundi critane panjenengan?
Posted by: ndesoisme on: Januari 19, 2010
Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!
Rencang Kula Sampun Matur..